AGUSTUSAN
Assalamu'alaikum...
Aku pan nyeritakna pengalamanku pas lagi agustusan.
Wulan Agustus kue wulan sing penting nggo kabeh wong neng Indonesia, sebab tanggal pitulas wulan Agustus taun papat lima, Indonesia merdeka. Nah kue nyebabke saben tanggal pitulas agustus mesti rame pada ngerayakna, lan biasane dirayakna nganggo acara lomba lomba. nah tanggal pitulas agustus taun rong ewu wolu las neng umahku uga ngerayakna nganggo lomba lomba.
Esuk esuk aku tangi nang tanggal pitulas, aku siap siap mangkat sekolah. Walopun tanggal abang tapi sekolah mangkat nggo upacara bendera. Sebalike upacara bendera aku nuli nonton upacara bendera nang istana negara nang tipi :v pokoe keren banget lah. Nuli aku diajak masku nggo melu lomba lomba nang pereke umahku. Yowes aku mangkat lah ya, timbang nang umah laka kerjaan.
Pas teka lapangan, papan nggo lomba lomba. nang kana wis rame banget, anak bapa-bapa, ibu-ibu, mba-mba, mas-mas, pokoke akeh lah. Nang kana aku kur nonton sih, tapi nonton tok be wis seneng banget. Uga ana akeh lomba lomba kaya, balap karung, pentung pentil, mangan krupuk, lan liya liyane. Lagi taun wingi tah ana manjat pinange, tapi taun kie laka, aku sih ora masalah ya sing penting seneng.
Acarane dilanjut sampe bengi, lubar isya ana pawe obor. Kabeh wong sing melu pada nggawani obor. Aku melu pawene tapi ora nggawa obor. Lagi pawe ana batirku sing dipaesi kaya setan, nggo meden medeni bocah bocah cilik :v akeh bocah sing kewedinen, berarti batirku berhasil. Nang tengah dalan ana petugas sing mbageni kupon, sing bisa dituker karo hadiah dang ngko diundi. Pawene ngiteri desaku.
Lubar rampung muteri desa, kabehe ngumpul maning neng pusate lomba lomba. Ana lomba sing durung rampung, dadine dilanjutna nang bengine tapi diselingi karo bagi bagi hadiahe. Sing bengine ana lomba goyang jeruk nganggo lagune sibad lagi syantik, rame banget pokoke. Pas pembagian hadiahe lombane dipending disit, dilanjut karo mbacakna nomer sing neng kupon. lagi petugase mbacakna nomer, kabeh wong pada deg degan kepengin olih, soale hadiah utamane kulkas. Ora kabeh langsung dibacakna karo petugas, tapi diselingi lomba mau karo pembagian hadiah.

Komentar
Posting Komentar