Langsung ke konten utama

Postingan

Unggulan

AGUSTUSAN

Assalamu'alaikum... Aku pan nyeritakna pengalamanku pas lagi agustusan. Wulan Agustus kue wulan sing penting nggo kabeh wong neng Indonesia, sebab tanggal pitulas wulan Agustus taun papat lima, Indonesia merdeka. Nah kue nyebabke saben tanggal pitulas agustus mesti rame pada ngerayakna, lan biasane dirayakna nganggo acara lomba lomba. nah tanggal pitulas agustus taun rong ewu wolu las neng umahku uga ngerayakna nganggo lomba lomba. Esuk esuk aku tangi nang tanggal pitulas, aku siap siap mangkat sekolah. Walopun tanggal abang tapi sekolah mangkat nggo upacara bendera. Sebalike upacara bendera aku nuli nonton upacara bendera nang istana negara nang tipi :v pokoe keren banget lah. Nuli aku diajak masku nggo melu lomba lomba nang pereke umahku. Yowes aku mangkat lah ya, timbang nang umah laka kerjaan. Pas teka lapangan, papan nggo lomba lomba. nang kana wis rame banget, anak bapa-bapa, ibu-ibu, mba-mba, mas-mas, pokoke akeh lah. Nang kana aku kur nonton sih, tapi nonton tok be w...

Postingan Terbaru

SEJARAH INTERNET